Vis.... sakdurunge sorry banget iki, tapi yo wes ra betah aku jane tak pendem dewe.
selama awakdewe ngeband bareng, latihan ngunu, aku i jane meneng" nduwe roso sitik karo kowe, hehe rodo tolol sih aku, tpi tak ampet sikik lehku ngomong aku bingung le omong meh kepie
kowe isih kelingan mbiyen adewe pisanan ketemu neng kartini? nah kui aku ndelok kwe aku i rareti jane sopo kowe kok tiba" sak studio karo grub band ku, terus aku takon" karo personil grub band ku sopo kowe ki, eh ternyata iseh sak grub band ro aku, kur jarang aktif wae jebul
Terus aku pisan kae nyubo wa kowe, hehe sekedar takon" seputar band aja, terus bablas neng topik lain, tpi sorry tenan yo iki aku malah gawe risih kowe....
"aku ngomong lewat website ngene ki mergane aku blas rung tau nyedak i uwong, lagi pisan iki aku nganti wani wa, tpi sorry yo nek lehku nge chat marai ilfeel po rakepenak ngunu, maklum 0 pengalaman aku vis
aku jane yo wedi nek ngganggu kowe tpiii... yo pie neh."
personal_note
"Suwun banget wes ngeluangke wektumu nggo moco database website iki... Aku gawe website iki 3 dino 3 wengi kur nggo ngungkapke perasaanku mergo ra betah aku. Tapi nk kwe wes moco iki aku njaluk tulung opo wae jawabanmu... adewe tetep biasa wae, ojo canggung yoo... seng rti kur aku ro kwe tok wae"
Ora arep mekso pembalasan perasaanmu aku vis....
Intine suwun banget yo vis, karo sorry banget...
"Segala yang sempurna, tentunya tak akan pernah ada"
Sumpah Galaxy - FSTVLST